RAMALAN JAYABAYA

1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran.
2. Tanah Jawa kalungan wesi.
3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang.
4. Kali ilang kedhunge.
5. Pasar ilang kumandhang.
6. Iku tanda yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak.
7. Bumi saya suwe saya mengkeret.
8. Sekilan bumi dipajeki.
9. Jaran doyan mangan sambel.
10. Wong wadon nganggo pakaian lanang.
11. Iku tandane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman.
12. Akeh janji ora ditetepi.
13. Akeh wong wani mlanggar sumpahe dhewe.
14. Manungsa pada seneng nyalah.
15. Ora ngindahake hukum Allah.
16. Barang jahat diangkat-angkat.
17. Barang suci dibenci.
18. Akeh manungsa mung ngutamake duwit.
19. Lali kamanungsan.
20. Lali kabecikan.
21. Lali sanak lali kadang.
22. Akeh Bapa lali anak.
23. Akeh anak wani nglawan ibu.
24. Nantang bapa.
25. Sedulur pada cidra.
26. Kulawarga pada curiga.
27. Kanca dadi mungsuh.
28. Akeh manungsa lali asale.
29. Ukuman Ratu ora adil.
30. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil.
31. Akeh kelakuan sing ganjil.
32. Wong apik-apik pada kepencil.
33. Akeh wong nyambut gawe apik-apik pada krasa isin.
34. Luwih utama ngapusi.
35. Wegah nyambut gawe.
36. Kepingin urip mewah.
37. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka.
38. Wong bener thenger-thenger.
39. Wong salah bungah.
40. Wong apik ditampik-tampik.
41. Wong jahat munggah pangkat.
42. Wong agung kesinggung.
43. Wong ala kepuja.
44. Wong wadon ilang kawirangane.
45. Wong lanang ilang kaprawirane.
46. Akeh wong lanang ora duwe bojo.
47. Akeh wong wadon ora setya marang bojone.
48. Akeh ibu pada ngedol anake.
49. Akeh wong wadon ngedol awake.
50. Akeh wong ijol bebojo.
51. Wong wadon nunggang jaran.
52. Wong lanang linggih plangki.
53. Randa seuang loro.
54. Prawan seaga lima.
55. Duda pincang laku sembilan uang.
56. Akeh wong ngedol ngelmu.
57. Akeh wong ngaku-aku.
58. Njabane putih njerone dadu.
59. Ngakune suci, nanging sucine palsu.
60. Akeh bujuk akeh lojo.
61. Akeh udan salah mangsa.